Senin, 14 November 2011

Dear God Music Video


Lirik Lagu Rhoma Irama - Cuma Kamu


Lirik Lagu Rhoma Irama - Cuma Kamu

Wanita:
Cuma kamu sayangku di dunia ini
Cuma kamu cintaku di dunia ini

Pria:
Tanpa kamu sunyi kurasa dunia ini
Tanpa kamu hampa kurasa dunia ini

Duet:
Cuma kamu sayangku di dunia ini
Cuma kamu cintaku di dunia ini

Pria:
Tiada kalimat dapat melukiskan
Betapa cintaku kepada dirimu
Tiada ibarat sebagai umpama
Betapa sayangku kepada dirimu

Wanita:
Itu dapat kurasa dari belai tanganmu
Itu dapat kurasa dari pandang matamu

sesorah bahasa jawa


Sesorah Atur Pambagyaharjo ing Adi Cara
Nambut Silaning Akrami

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cuman-thaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula minangka talanging basa [duta saraya sulih sarira] saking panjenenganipun Bapa Sukiman sekalian kanthi suka bingahing manah ngaturaken pambagya wilujeng sarta agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan katur sagung para tamu ingkang sampun kersa hangrawuhi pahargyan punika.

Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, dene hajatipun Bapa Sukiman sekalihan anggenipun hamengku gati, ndaup-aken putranipun ingkang sesilih Hanum Sekaringtyas sampun kalampahan dhaup kaliyan bagus Panji Danang Kusuma putra kakungipun Bapa Waluya, rikala dinten kamis pahing surya kaping 10 Oktober 2010  wanci tabuh 08.00 enjing wonten ing KUA Kec. Selogiri kanthi wilujeng nir ing sambekala.

Kaleksananing pahargyan punika karana sih pambyantunipun para sanak kadang, pawong mitra, tangga tepalih saha para tamu ingkang sampun kepareng paring pisumbang awujud punapa kemawon, ingkang sanyata saged hangentengaken sesanggeman. Ingkang punika panjenenganipun Bapa Sukiman sekalihan ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan. Mugi sih kadarman panjenengan sami dadosa sarana sih sutresna, saengga pikantuka leliru ingkang satraju miwah bebingah ingkang malimpah-limpah.

Bapa Sukiman sekalihan neda sih panarima panjenengan sami, kersaa paring donga pamuji pangastuti. Mugi-mugi sri penganten sekalihan sageda ngleksanani kekudanganipun para pinisepuh, sageda atut runtut dumugining kaken kaken lan ninen ninen, rahayu widada kalis ing sambekala. Mugi-mugi sri penganten sekalihan enggal pinaringan momongan ingkang bekti dhumateng Gusti, rama ibunipun, lan para pinisepuhipun, sageda mikul dhuwur mendhem jero labuh labet dhateng negari lan bangsanipun murakabi dhumateng bebrayan agung.






Minangka pungkasaning atur. Hambok bilih wonten kekiranganipun Bapa Sukiman sekalihan anggen hanampi ing menggah rawuhipun panjenengan sami, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara cawuh kliruning basa kisruhing paramasatra, wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata karma, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura.

Rahayu, rahayu ingkang sarwi ginayuh. Nuwun

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



Sesorah Atur Pambagya ing adi cara Ngunduh Temanten

Assalamualaikum Wr. Wb.


Tresna asih Gusti Ingkang Mahasuci mugi tansah manunggal ing kita sadaya.
[ing adi cara ngunduh manten]

Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Kanthi pepayung budi rahayu, saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti, mugi rahayuha sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng kawula lan panjenengan sadaya.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kawula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Adi Suwarno sekalihan, kawula kadhawuhan ngundhuh putra temanten putri mugi katur panjenenganipun Bapa Ehwanto sekalihan garwa.

Panjenenganipun Bapa Sukiman ingkang jumeneng hangembani wuwus minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Ehwanto sekalihan garwa ingkang winantu sagunging pakurmatan. Wondene menggah wigatosing sedya sowan kawula wonten ngarsa panjenengan, ingkang sepisan: ngaturaken sewu agenging kalepatan dene panjenenganipun Bapa Adi Suwarno boten saged hanindakaken piyambak ngundhuh putra temanten putri, kapeksa namung saged ngaturaken salam taklim mugi katura ing panjenenganipun Bapa Adi Suwarno ingkang lumantar kawula.

Jangkep kaping kalih, ing nguni sampun kadhaupaken Bagus Anto putra kakung Bapa Adi Suwarno kaliyan Rr Ayu putra sesilih Bapa Ehwanto, rikala kamis pahing 10 Oktober 2010. Pramila ing kalenggahan punika, Bapa Adi Suwarno ngaturaken angsal-angsal miwah upakarti minangka jangkeping tatacara salaki rabi.

Dhumateng panjenenganipun Bapa Sukiman dalah pangaraking ngundhuh temanten, katuran pinarak kanthi mardhika miwah hanjenengi sedaya adicara.





Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kekiranganipun Bapa Adi Suwarno anggenipun ngaturaken angsal-angsal dalah upakarti, mugi lumeberna sih samodra pangaksami. Semanten ugi, kula minangka talanging atur, hambok bilih anggen kula matur wonten kiranging subasita ingkang singlar ing reh tata krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangapura.

Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

 
Sesorah Atur Pambagya ing Nampi lamaran

Assalamualaikum Wr. Wb.

Nuwun, kulanuwun. Dhumateng panjenenganipun Bapa Joko ingkang piniji hangembani wuwus, mangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapa Sutiman sekalihan ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Kanthi linambaran trapsila ing budi miwah ngaturaken sewu agunging aksama, inggih awit saking mradapa keparengipun Bapa Mulyoko sekalihan garwa, kawula piniji minangka talanging basa, kinen hanampi menggah wosing gati lekasing sedya ingkang luhur saking panjenenganipun Bapa Sutiman sekalihan lumantar panjenenganipun Bapa Joko.

Minangka purwakaning atur, ngaturaken sugeng rawuh saha ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan dene lampah panjenengan sampun kasembadaning karya, kanthi wilujeng nirbaya nirwikara boten wonten pringga bayaning marga.

Sanget katampi kanthi bingahing manah, atur salam taklim saking panjenenganipun badhe kadang besan lumantar panjenengan kawula tampi, sa lajengipun dhumawaha sami-sami.

Wondene atur pasrah paringipun sarana jejangkeping salaki rabi, kawula tampi kanthi suka bingahing manah. Ing salajengipun, mangke badhe kawula aturaken wonten ngarsanipun Bapa Mulyoko sekalihan garwa. Mboten kekilapan panjenenganipun Bapa Mulyoko sekalihan garwa namung ngaturaken agenging panuwun menggah sadaya peparinganipun badhe kadang besan sutresna, pratandha yekti kasoking katresnan dhumateng Bapa sutiman sekalihan, mugi dadosa sarana raketing kekadangan, sami-sami netepi darmaning sepuh anggennya ngentas pitulus putra pinaringan raharja mulya.

Namung semanten panampi saking Bapa Mulyoko sekalihan garwa lumantar kawula, ngaturi uninga bilih menawi sampun dumugi wahyaning mangsa kala tumapaking ijab utawi panggih, kasuwun panjenenganipun Bapa Sutiman sekalihan wontena suka lilaning penggalih hanjenengi paring pudyastuti murih rahayuning sedya.

Minangka pungkasaning atur, hambok bilih wonten kuciwaning bojakrami anggen Bapa Mulyoko sekalihan garwa hanampi menggah ing rawuhipun panjenengan sami, mugi lumeberna sih samudra pangaksami. Semanten ugi, kawula minangka talanging basa, hambok bilih wonten gunyak-gunyuking wicara miwah kiranging subasita ingkang singular ing reh tata krama, kupat janure klapa menawi lepat nyuwun pangaksama. Nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Jumat, 11 November 2011

Ungu - Sampai Kapanpun

[intro] E

  E                  G#
Semakin ku menyayangimu 
  A                   E  B
semakin kau menyakiti ku
  E                 G#
Semakin ku mencintaimu 
  A                         E  
semakin kau menghancurkan ku

  G#m          C#m
Entah sampai kapan 
    G#m       C#m
kau akan menyadarinya
   G#m        C#m  B
Bahwa hanya diriku
     F#m 
yang pantas tuk memiliki dirimu
     A                            B   A B
yang rela korbankan semuanya untukmu

[chorus]
       E            G#       C#m
Sampai kapanpun kau kan kucintai
      B            F#m      B        E       B
walau kau tak pernah membalas cintaku padamu
      E          G#      C#m  
walau apapun kau kan kusayangi
  B         F#m   G#m        A   B
setulus hatiku, seumur hidupku kumencintaimu

F#m             C#m
Takkan pernah bisa
A                   E
Melupakanmu walau sekejap saja
F#m              C#m
Takkan pernah mampu
    A                    B
Tuk menggantimu dalam sluruh hidupku

[solo] E G# C#m B F#m B E B
       E G# C#m B A Am B C#

[chorus - overtone]
       F#           C#       D#m
Sampai kapanpun kau kan kucintai
      C#           G#m      C#       F#    C#
walau kau tak pernah membalas cintaku padamu
      F#         A#      D#m  
walau apapun kau kan kusayangi
  C#        G#m   C#        F#   C#
setulus hatiku, seumur hidupku woooo..

       F#           C#       D#m
Sampai kapanpun kau kan kucintai
      C#           G#m      C#       F#    C#
walau kau tak pernah membalas cintaku padamu
      F#         A#      D#m  
walau apapun kau kan kusayangi
  C#        G#m   A#m        B 
setulus hatiku, seumur hidupku 
  A#m       G#m   A#m        B
setulus hatiku, seumur hidupku 
   C#
ku mencintaimu

[ending] F# C# D#m C# G#m C# F#

woooo..